السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ
ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِيْ أَدَمَ بِا لْعِلْمِ وَالْعَمَلِ. وَالصَّلاَةُ
وَالسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ عَلَى كُلِّ حَالٍ. وَ عَلَى اَلِهِ
وَاَصْحَا بِهِ اَصْحَابِ الْكَرَامَةِ وَالْكَمَلْ أمّا بع
Dumateng Poro Bapak, poro Ibu,
Hadirin sekalian ingkang kulo hormati !
Minangkani awalipun atur kulo ing mriki kulo muji
syukur Alhamdulillah dateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten-pinten
Rohmat, Ni’mat, dumateng kulo, lan panjenengan sedoyo, sehinggo kulo lan
panjenengan saged karoyo-royo bucal ninggalno griyo, ninggal bondho lan rojo koyo
sami saget rawuh wonten ing majlis puniko boten ategas prawan golek joko, utawi
dudo golek rondho. Nanging leres-leres golek ilmu Agomo. Ilmu sing keno kangge
sangu dateng griyane moro tuwo. Shoho ilmu sing keno kangge sangune ngadep
datang kang moho kuoso.
Amin ya robal alamin.
Poro rawuh ingkang kulo hormati !
monggo kulo lan panjenengan sami niat ngaji. Niat
ibadah dateng ngarsanipun Allah SWT. Keranten pancen dados tiyang Islam , Ngaji
niku wajib tumerap kito sedoyo. Kanjeng Nabi dawuh :
طَلَبُ
الْعَلْمِ فَرِيْضَةٌ عَلَى كُلِّ مُسِلِمٍ وَمُسْلِمَةٍ
Ingkang artosipun :
“Bilih pados ilmu meniko dipun fardhuaken tumrap saben-saben
tiyang Islam jaler lan istri“
Soho kanti hadist meniko kito sampun
jelas bilih pados ilmu meniko merupakan proses ingkang serba terus tanpa wonten
bates waktu baik kapanpun, dimanapun dan dalam keadaan bagaimanapun. Dados
senajan tiyangnipun sampun tuwek, elek, ngrowek, untune entek, ora bisa managan
rempeyek, meniko tetep kewajiban pados ilmu.
Poro Rawuh ingkang kulo hormat !
Keranten tiyang niku menawi boten
gadah ilmu senajan toh ibadah sampek jungkir balik, utawi ibadah mempeng, tapi
boten dipun ilmuni meniko sia-sia.
وُ كُلُّ
مَنْ بِغَيْرِ عِلْم يَعْمَلُ اَعْمَالُهُ مَرْ دُوْ دَةٌ لاَ تُقْبَلُ
Tiyang niku menawi boten gadah ilmu,
ngamalipun boten dipun terimo dening Alloh. Mardudatun Laa tugbalu.
Pramilo sangkeng meniko, monggo santri sedoyo terutama
santri ABA lan generasi Muda-mudi remaja Islam. Kito tingkataken anggen kito
belajar. Supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan manfaat soho ilmu
ingkang saget beto bahagia lan wilujeng (selamat) dunia lan akherat. Hal meniko cocok kalian dawohipun
Alloh wonten Al-Qur’an, Surat Al-Mujadalah ayat 11
يَرْفَعِ
الله ُ الَّذِ يْنَ آمَنُوْا مِنْكُمْ وَالَّذِ يْنَ أُوْتُوْا الْعِلْمَ
دَرَجَاتٍ
Artosipun :
“Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang
beriman lan tiyang-tiyang ingkang nggadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat“
Tapi sa’wangsulipun menawi kito
boten anggadahi ilmu boten saget ngaji lan boten purun belajar lan boten
sekolah, tengriyo namung kluyar-kluyur , tongkrongan, wira-wiri nalor ngidul
laka tujuan , niku nggih boten patut, sampun ketinggalan jaman. Amargi, niki
sampun jaman merdeka boten kados jaman penjajah. Sa’niki sampun kathah
sekolahan sampun kathah tempat-tempat pendidikan. Pramilo monggo kito
tingkataken anggen kito belajar, pados ilmu pengetahuan ingkang kathah. ojo sampek
gadah putro sing oon, plongaplongo , boten purun sekolah, boten purun ngaji,
boten purun datang masjid, datang langgar, lan sanes-sanesipun. Keranten lare
niku menawi boten kenal pendidikan, nopo maleh pendidikan Ilmu Agama. Niku
nggeh nyusahaken tiyang sepuh nipun. Menawi dipun nyambed damel boten purun.
Sa’bendino ngente’no sego, jaluki duwit, di tuturi boten manut, karo Ibu nesu,
karo bapak galak, karo Embah mbantah, karo Kakang mbangkang, karo Paklek
mendelik, karo Pakdhe gumedhe, karo dulur ngawur, karo tonggo ora duwe sopan .
Diajar nangis, kon minggat ora mangkat, di buang balik maning , bendino ngentekno sego, didhol
ora payu Akheripun tiyang sepuhipun namung susah, gelisah pikiran sumpek k napas sesek, dada ampek,
awak dredek, kuping budeg weteng enek ,
irung pilek, awak sak kujur rasane dredek, bendino kur telek-telek mergo
duwe anak ndablek kon mergawe ora untek menengahe malah mbegegek lek ngeteniki
tiyang sepuh susah menopo boten? Poro Bapak Poro Ibu?
Mulane monggo putro-putrine dipun
didik ingkang saestu supados leres-leres saget kados lare ingkang berguna bagi
Agama, Bangsa lan Negara, Soho ingkang saget menjunjung tinggih Harkat lan
Martabat tiyang sepuhipun kaleh. Ingkang cocok dawohipun kanjeng Nabi
خَيْرُ
النَّاسِ أَنْفَعُهُمْ لِلنَّآسِ
Artosipun :
“Sa’bagus-baguse menongso yoiku sing manfaat marang, menungso
liyane“
Poro rawo ingkang kulo hormati !
Kintenipun cekap semanten atur kulo,
kirang langkungipun kulo nyuwun pangapunten.
0 komentar:
Posting Komentar